Halaman

Minggu, 25 Maret 2012

Pacitan dan pariwisata

PACITAN TERCINTA

Pacitan yaiku salah sawijining kabupaten sing ana ing provinsi Jawa Timur, Indonesia. Ibu kotane yaiku kutha Pacitan. Geographical coordinates kutha Pacitan ana: 8° 12' 0" lintang kidul, 111° 7' 0" bujur wetan. Kabupaten iki nduweni jembar wilayah sekitar 1.389,87 km², pendhuduke kacacah kurang luwih 538.000 jiwa (2003).

Wilayah Pacitan nduweni nilai penting sanjerone sejarah arkeologi amerga ana kana pernah ditemokne fosil-fosil menungsa purba. Saliyane guwa Gua Tabuhan sing wis luwih dhisik misuwur, Gua Luweng Jaran sing durung suwe ditemokne ini lan diperkiraake sing paling jembar ana Asia kidul wetan. Secara administratif Pacitan dipara dadi 12 Kecamatan, yaiku:
  1. Kecamatan Pacitan
  2. Kecamatan Kebonagung
  3. Kecamatan Arjosari
  4. Kecamatan Tulakan
  5. Kecamatan Ngadirojo
  6. Kecamatan Punung
  7. Kecamatan Pringkuku
  8. Kecamatan Donorojo
  9. Kecamatan Nawangan
  10. Kecamatan Tegalombo
  11. Kecamatan Sudimoro
  12. Kecamatan Bandar
Wates wilayah Kabupaten Pacitan neng sisi wetan yaiku Kabupaten Trenggalek, sisi Lor ana Kabupaten Panaraga, sisi kulon anan Kabupaten Wanagiri lan neng sisi kidul ana Samudra Hindia
Secara geografis kabeh laladan sing sebageyan gedhe pegunungan kapur ora cocok kanggo tetanen tanduran pari.

 Kahanan geografis Pacitan sing sebagian gedhe akeh gumuk-gumuk tandhus sing ora cocok kanggo tetanen tanduran pari,mulane kuwi gaplek utawa telo dadi pilihan saka jaman mbiyen. Gaplek yaiku oyot saka wit telo pohung sing digaringake sabanjure dibebak lan dikukus dadi sego thiwul. Mula saka kuwi,menawa thiwul dadi ciri pambeda saka kutha Pacitan pancen ora salah.Sego thiwul dadi panganan pokok kanggo masyarakat sing urip ana perangan pegunungan kidul kayata Gunung Kidul,Wonosari,lan Trenggalek. Nanging kanthi sangsaya apike perekonomian saiki pada ninggalake gaplek kanggo panganan sedina-dina lan masyarakat saiki luwih milih sego putih.

Pariwisata neng pacitan sing paling sering di tekani para wisatawan yoiku:

Tidak ada komentar:

Posting Komentar